Latest News

Ingin bisa menulis? Silakan ikuti program training menulis cepat yang dipandu langsung oleh dosen, penulis buku, peneliti, wartawan, guru. Silakan hubungi 08562674799 atau klik DI SINI

Tuesday 17 June 2014

Contoh Pidato Lomba Macapat



Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan wonten palenggahan Bapa Sukardi minangka dewan juri sekar macapat.
Ingkang kula hurmati Ibu Sri Sukasih ugi minangka dewan juri sekar macapat.
Lan ingkang kula tresnani para kadang wreda muda mahasiswa PGSD FIP Unnes.
Sakderengipun kita miwiti lomba macapat punika mangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT awit sih nugrahanipun sakpunika kita saget makempal wonten panggenan punika kanthi raharja mboten kirang satunggal punapa. Sakderengipun kula maosaken cak-cakaning adicara lomba macapat, kula badhe maos tata cara lomba macapat (maos tata cara lomba). Sakpunika tata caranipun, dene cak-cakaning adicara lomba macapat inggih punika
1.       Pambuka
2.       Nyekar macapat saking peserta minurut nomer undi ingkang sampun dipun temtokaken.
3.       Tanggap wacana saking dewan juri
4.       Panutup
Mangga kita lumampah adicara ingkang sepindah inggih punika pambuka. Para rawuh ingkang minulya, mangga kita sesarengan mbikak adicara punika kanthi waosan Basmallah .
Bismillahirrohmanirrohiiiiiim
Matur nuwun
Adicara ingkang kaping kalih inggih punika nyekar macapat saking peserta miturut nomer undi ingkang sampun dipun temtokaken.
Dhumateng peserta kanthi nomer undi 1 wedal lan papan kula sumanggakaken.
(nyekar macapat)
Matur nuwun
Salajengipun peserta kanthi nomer undi .... kula sumanggakaken.
Lst.
............................
Sakpunika sekaran macapat saking sedaya peserta.
Adicara ingkang kaping tiga tanggap wacana saking dewan juri. Dhumateng Bapa Sukarda wekdal kula sumanggakaken.
.................................
Maturnuwun sanget dhumateng Bapa Sukardi ingkang sampun maringi piwulangan dhumateng kita sedaya. Lumampah wonten pungkasaning adicara kula minangka moderator ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh khususipun dewan juri ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi adicara punika.
Dhahar kupat ngagem santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
  • Blogger Comments
  • Facebook Comments

0 komentar:

Post a Comment

Item Reviewed: Contoh Pidato Lomba Macapat Rating: 5 Reviewed By: Hamidulloh Ibda